Wayang Kulit
Wayang kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuw
Panyebaran
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi,
suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam
waé.Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku
saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu
Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Panggawéné wayang
Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo
sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang
mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah
nganggo piranti arupa wesi
lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan
ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing
nduwèni fungsi béda-béda.Wosé
piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang.
Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang
dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga
tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé
saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.
v Pesan moral: kita sebagai generasi muda penurus bangsa kudu ngajani,njaga,
Lan ngelestarina budaya bangsa kita,supaya kekayaan budaya bangsa
kita ora di rampas kale bangsa liya. Kita kudu bangga karo budaya kita
dewe,ora karo budaya liya,seng isok ngerusak moralitas bangsa,yen kita
kudu pada-pada ngajeni budaya siji kale liyane.
Sumber : https://laylatoennisroh.wordpress.com/artikel/artikel-tentang-kebudayaan-jawa/
0 komentar:
Posting Komentar